Selasa, 12 Desember 2017

Gamelan

Kabudayan Gamelan Jawa

Gamelan yaiku sawijining alat musik tradisional Jawa , Madura , Bali lan Lombok. Tembung gamelan dhuweni makna yaiku “gamel”. Gamelan niku biasane dienggo ngiringi tembang , wayang , jathilan lan kesenian liyane. Jenis laras ing Gamelan ana loro yaiku laras pelog lan laras slendra. Laras Slendro menika sistem urutan nada ingkang terdiri saking limang nada saben oktaf. Laras Pelog yaiku , nada ingkang kegawe saking pitu nada ingkang beda-beda.
Sakperangkat gamelan terdiri saking pirang-pirang alat musik yaiku rebab , kendang , peking , bonang , bonang panerus , kenong lan kethuk , saron , slethem , gender , gong , gambang , siter , demung , lan suling. Komponen utama piranti musik gamelan yaiku pring , logam , lan kayu. Masing-masing piranti nduweni guna dhewe jero pagelaran musik gamelan.
Salah sawijing piranti musik gamelan ono sing nduweni jeneng yaiku gambang. Gambang yaiku salah sawijing piranti musik gamelan sing digawe saka wilah-wilah kayu sing umume cacah 17 tekan 21 wilah. Wilah-wilah kayu kasebut ditumpangake ing sadhuwuring kothak persegi dawa sing gunane kanggo resonansi (nggedeakke swara).
Wujud gambang iki meh padha karo saron ning luwih gedhe lan wilahe digawe sak kayu sing atos banget. Tabuh gambang luwih dawa tinimbang piranti tabuh gamelan liyane ya iku kira-kira 35cm. Gambang niku nduweni tugas kanggo hiasan iringan lagu lan ritme. Ora saben gendhing utawa lagu bisa digambangi.









Tidak ada komentar:

Posting Komentar